Lelajengan ingkang Kalawau

Pindahan dari Multiply

URL: http://multiply.com/mail/message/ahmadabdulhaq:pms:152

Assalamu’alaikum, Adhimas Teseh.

Sapunika alamat email kangteseh@g… sampun kulablock. Dados, saben panjenengan ngintuni kula email, otomatis mlebet wonten kothak “spam”. Kula kapeksa nindakaken ingkang kados mekaten, awit panjenengan mboten kersa maringi janji bilih mboten badhe ngintuni email ingkang jinisipun kados kalawau punika. Lha mbokbilih panjenengan samangkih badhe ngintuni kula email ingkang langkung penting tur mboten awrat-awrat, panjenengan kulasuwun maringi informasi liwat GTalk utawi Yahoo! Messenger.

Dene kenging punapa kula kok kumedah-kedah ngeblock email saking panjenengan? Mboten sanes amargi kula nampi email liwat POP3. Setting punika meksa kula kedah ndownload sedanten email saking pundi kemawon. Lha menawi panjenengan ngintuni email ingkang ageng sanget kados kalawau, punika ateges koneksi Intretnet kula nampi beban ingkang awrat sanget.

Katrangan kula punika mugiya saged andamel renanipun penggalih panjenengan. Lumantar serat punika kula ngaturaken pangapunten dhumateng panjenengan. Ugi, kula pinangka tiyang ingkang langkung sepah ingging nyuwun pangapunten, rehning kula sampun kebacut nesu-nesu kalawau.
Kula mboten purun kasus punika andadosaken bubrahipin pasedherekan kita.

Wassalam.

Ahmad

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *