Akun “Tadzkir Mansur” ing Facebook Diduga Palsu

Adhedhasar link iki lan iki, bisa diarani yen akun Facebook sing ngaku-ngaku jenenge “Tadzkir Mansur” (https://www.facebook.com/tadzkir.mansur) dinuga palsu, nyathut asmane K.H. Tadzkir Mansur, kyai kondhang saka desa Sraten.

Para sedulur dijaluk ngati-ati. Sapa ngerti ana sing dijaluki dhuwit dening akun kasebut.

Para sujana (urut aksara Latin):

  1. Ahmad Abdul Haq Surawijaya (aku dhewe);
  2. Amir Syarifudin;
  3. Nimas Sartika; lan
  4. Vivie Vijaya.